Essai Budaya
Ke Pengadilan, Cari Keadilan, atau Lihat Keganjilan ?
Oleh Imam Subawi
Wartawan Kediri Post
“Mas, pie to jane, iku kepala desa sing nompo duit iku terus pie? opo yo kenek kabeh,”kata si Joy, saat bertemu di warung kopi isor pring. “Kenek pie maksudmu?,”jawabku, berusaha ingin memastikan arah pembicaraan si Joy. “Yo dipenjara kabeh to, kan kabeh nompo duit suap,”katanya dengan nada serius. “Oooalah, yo ora mungkin tooo. Opo penjarane pingin kebek kepala desa? Gombal awakmu iki,”jawabku dengan bahasa sekenanya.
“Lhoo… beh, uenak nuu yo… bar nompo duit uakeh, aman-aman ae, gak diapak-apakne,” saut si mandor, menimpali jawabanku. “Yo jelas penak too… mangkane awakmu dadio pejabat, dadio kepala desa, nompo suap tetap aman-aman sajaa… ojo dadi mandor bangunan tok aee… haaa…haaa…,”jawabku sambil tertawa. “Lha Bupatine pie,”sambungnya. “Oalah yo embuh gak ngerti aku. Pokok di persidanga, tidak ada saksi yang menyebut Bupati nompo duit,”kataku. “Mosok to,”timpalnya dengan nada seakan tidak yakin. “Nyatanya di pengadilan ngunu. Ora usah takok siang aneh-aneh. Ngomong fakta persidangan ae loo… sing wis jelas, kesaksian di bawah sumpah ikuu,”jawabku sok tahu, sok ngerti hukum sak srit..srut..sroott… Xii…xiii
“Lha iku, kejaksaan malah nompo sak miliar luwih, polresta nompo 500 juta luwih, lha ngunu kuwi terus pie? Terus polsel-polsek barang iku? Opo yo gak diukum ngunu kuwi? Kok koyo gak adil yo. Malah koyok ganjil, aneh rasane,” kejarnya sambil mulutnya terus nerocos, seperti orang sedang menginterogasi. Hee…heee… untung saja, mulutnya tidak bau terasi, Jadi tetap enak dipakai ngobrol sambil minum kopi…xii..xii. Ini ada wartawan biasanya tukang tanya-tanya, kok ini malah ditanya-tanya terus… Tanya ke wartawan kok malah ngalah-ngalahi gayane wartawan bertanya… olah, malah mundak mumeett ngene ikii…
“Oalah ndaa…ndaaa… Aku iki dudu ahli hukum, yo dudu ahli nujum. Awake dewe iki kabeh wong umum, isone mung makmum. Ngene looo, Kejaksaan, Polresta, Polres Pare, iku kan penegak hukum. Sing berhak merikso, iku kan polisi. Sing berhak nuntut, iku kan kejaksaan. Iyo to ? Opo kejaksaan gelem merikso jaksa? Opo kepolisian gelem merikso polresta ? logika ae laahh… Yo nek sing nompo suap iku awakmuu, yoo jangan harap awakmu gak diperikso,”kataku dengan nada sedikit serius, sambil sedikit meledek si mandor. Hee…hee
“Wooo… iyo..yoo… wong masalah SIM ae kedadeane neng kantor polisi. Ngunu yo biasa ki,”sambung mandor. “Wiiss ora usah ngomongne SIM. Awake dewe takok mbah dukun opo ahli nujum ae, iso sim salabim. Nek omonge mbah dukun, sing penting oleh udu, yo rukun…Heee…heee…,”sautku berusaha menghentikan pertanyaan mandor yang seakan terus kurang puas.
Wiiss… Ngopi siiikk… Ora usah kakean mikiirr…hee (mam)

Tinggalkan Balasan