Ke Masjid Kotor, ke Pasar Suci?

Oleh Imam Subawi

Wartawan Kediripost.co.id

“Lha iyo…. ternyata saiki pasar kok koyok luwih suci dibanding masjid,”kata Roman, yang tiba-tiba menggerutu sambil nyeruput kopi panas yang baru saja disuguhkan.

“Opo masjidnya dipindah neng pasar ae yo, opo dipindah neng gudang garem kono, ben oleh Jumatan,” tambah Roman yang terus nerocos gak karuan. Ditunggu beberapa saat, semua orang terdiam mendengar omelan Roman. Tidak ada satu pun yang menyauti. Seluruh orang di warung kopi yang bisa saling gojlokan, saut-sautan, engkel-engkelan, semua diam. Seakan bingung apa yang harus dikatakan untuk menyauti gerutu Roman.

“Opo to opooo? Enek opo? Ngomong ora jelas. Awakmu nesu karo sopo? Hayooo… awakmu suwi gak ke warung, saiki neng warung, paling neng omah disemprot bojomu to? Hee…heee.. ,”sautku sambil meledek Roman, yaaaa…. sambil biar suasana di warung bisa rileks lagi. Tidak tegang tegangan Heee…maafff Kang Romaaan.

“Awakmu yo ngono. Dadi wartawan telek kowe. Warungku diobrak kon tutup ora kok tulis. Bojoku ngamuk njaluk blonjo malah kok guyu. Opo sing butuh mangan kuwi mung karyawan pabrik gede? Pabrik gede iku duite malah wis akeh. Dienggo mangan sepuluh tahun gak entek. Lha aku… warung ku gak bukak opo sing dienggo mangan? Pemerintah nguwehi mangan? Pancen wartawan telek kowe. Wong cilik malah dipateni, karo sing gede ora wani,” katanya dengan nada tinggi, malah mengolok-olok tanpa bisa direm. Adeechhh…. Xiii…Xiii

“Wiiiis …ora usah ngamuk. Dinikmati ae… disyukuri aee… wiss lah… percoyoo… Gusti Alloh iku tetep maringi rejeki neng awakmu. Mbuh dalane teko ngendi? Nyatane saiki… awakmu gak bukak warung tetap iso nyang warung, ngopi, ngrokok, mangan. Iyo to? awakmu ngamuk neng ngarepku yo podo ae…ora enek gunane. Tiwas buang enerji. Nek pingin tetep bakulan, kono pindah nang pasar, jik oleh buka neng pasar. Neng warungmu arep kerumunan wong ewon, boleh… gak enek sing nglarang? Opo kono, neng pabrik kono, kerumunono wong ewon yo oleh,”jawabku santai… sambil seakan-akan nuturi… heee…heee… koyok dukun opo ae…

“Wiisss…. gak usah kakean omong. Jumat wingi awakmu Jumatan gak?,”tanyaku berusaha mengalihkan pembicaraan.

“Yo ora. Wong masjid ditutup. Jumatan gak oleh kok. Sholat dhuhur nek omah,”jawabnya masih dengan nada ketus.

“Yo Alhamdulillah nek jik tetap kelingan karo sing gawe uriiip,”timpalku.

“Lha ngono kuwi… Larangan cap opo kuwi? Opo wong-wong sing Jumatan kuwi kotor kabeh ngono pie? Opo pasar luwih suci dibanding masjid? Wong Jumatan iku mam…..Imam wartawan telek…wong arep Jumatan iku mesti bersih. Suci. Arep budal neng masjid adus disik, yo sabunan, yo wudlu barang. Ora mung cuci tangan. Lha nek nyang pasar, awakmu jibrat ae yo oleh mlebu pasar. Jajal, iku sehat ngendi nyang masjid Jumatan karo nyang pasar? Kowe iki suwe-suwe kok ruwet ngono to mam?”Jawabnya panjang lebar, kayak rel kereta api bersambung-sambung tanpa putus..hee..hee. olah, kene ngomong sak kecap kok kono ngomonge nggladrah.

“Ngene lo Man.. Nek pikiranku lo yo. Tapi iki yo sangat mungkin dinilai salah utowo, kurang pas.  Kudune masjid tetap buka, Jumatan gak usah ditutup. Tapi seluruh takmir diwajibkan menyediakan perlengkapan standar kesehatan lengkap, sebelum masuk masjid untuk jamaah, harus cuci tangan dulu, sediakan hand sanitixer, tes suhu badan. Kalo sekadar menyediakan alat-alat standar kesehatan yang dianjurkan itu, saya yakin kok seluruh takmir masjid bisa. Apalagi kalau Pemkot mau menyediakan perlengkapan itu dari dana Rp 20 miliar yang disediakan. Kecilll..”giliran saya yang ngimbangi nerocos gak karuan… heee…hee… maaffff.

“Wisss..wisss… Leren. Ji, ayo catur ae ji. Asah otak,”kataku berusaha menghentikan ocehan Roman sambil bergeser duduk mengajak Jiman bermain catur.. Tabik. (*)

 

 

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan.